Berikut ini contoh pranataadicara yang mungkin bisa membantu kalian semua..
Assalamu’alaikum Warohmatullohiwabarokatuh.
Ingkang kula kurmati kagungan dalem....
Ingkang kula kurmati ketua RT 13 ibu ………………
Ingkang kula kurmati ketua karang taruna Tempel sdr...
Saha mudha mudhi karang taruna Tempel ingkang kula tresnani.
Sadherengipun sumangga kula lan panjenengan ngaturken raos puji saha syukur dhumateng Allah SWT, ingkang sampun paring Rahmat saha Hidayahipun dhumateng kulo panjenengan sedaya. Sahingga kula lan panjenengan sedaya saged rawuh saha kempal manunggal wonten ing kempalan rutin Karang Taruna Tempel kanthi sehat walafiat mboten wonten alangan satunggal menapa.
Sakdherengipun acara kawiwitan, keparenga kula pranatacara ndherekaken lampahing adicara pepanggihan wonten ing ndalu menika, lan saklajengipun kulo badhe maosakaen menggah urut reruncening adicara ing wekdal menika:
1. Adicara ingkang sepindah inggih menika PAMBUKA,
2. Sambutan
3. Inti
4. Laporan
5. Do’a lan panutup
Para panjenegan sedaya ingkang winantu suka basuki mengeti wedal sakwetawis ndalu, monggo adicoro ing ndalu puniko kula lan panjenengan bikak sesarengan kanti waosan BASMALLAH sesarengan kulo dherekaken ....
Adicara ingkang kaping kalih inggih menika sambutan.
Sambutan ingkang kaping setunggal sambutan sangking kagungan dalem
Dhumateng mbak.... Kula sumanggaken. Matur nuwun
Sambutan ingkang kaping kalih sambutan sangking Ketua RT 13
Dhumateng ibu..... Kula sumanggaaken. Matur nuwun
Sambutan ingkang kaping tiga sambutan sangking wakil Ketua Karang Taruna
Dhumateng mbk... Kula sumanggaaken. Matur nuwun
Adicara salajengipun inggih menika acara INTI dhumateng mas Bayu kasuwun mimpin acara inti ing wekdal ndalu menika. Sumangga.
Matur nuwun dumateng panjenenganipun Mas Bayu ingkang sampun mimpin acara ndalu menika.
Adicoro ingkang kaping sekawan Laporan saking bendahara saha sekertaris Karang Taruna, dhumateng panjenenganipun mas Rio lan mbak Ayu sumangga. Matur nuwun dhumateng mas Rio lan mbak Ayu ingkang sampun maosaken laporan ung wekdal ndalu menika.
Adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup.
Kula minangka pranata adicara menika kathah kekiranganipun saha lepat lan tindak tanduk ingkang boten mranani penggalih panjenengan sedaya kula nyuwun agunging samudra pangaksami. Matur nuwun. Mangga adicara kita tutup kanthi waosan HAMDALAH kanthi sesarengan, sumangga. ALHAMDULILLAH Cekap semanten atur kula.
Wassalamualaikum Wr.Wb
Semoga bermanfaat :)