Sabtu, 15 September 2018

Contoh Pranatacara adicara kumpulan pemuda

Berikut ini contoh pranataadicara yang mungkin bisa membantu kalian semua..

Assalamu’alaikum Warohmatullohiwabarokatuh.
Ingkang kula kurmati kagungan dalem.... 
Ingkang kula kurmati ketua RT 13 ibu ………………
Ingkang kula kurmati ketua karang taruna Tempel sdr...
Saha mudha mudhi karang taruna Tempel ingkang kula tresnani. 

Sadherengipun sumangga kula lan panjenengan ngaturken raos puji saha syukur dhumateng Allah SWT, ingkang sampun paring Rahmat saha Hidayahipun dhumateng kulo panjenengan  sedaya. Sahingga kula lan panjenengan sedaya saged   rawuh saha kempal manunggal wonten ing kempalan rutin Karang Taruna Tempel kanthi sehat walafiat mboten wonten alangan satunggal menapa. 

Sakdherengipun acara kawiwitan, keparenga kula pranatacara ndherekaken lampahing adicara pepanggihan wonten ing ndalu menika, lan saklajengipun kulo badhe maosakaen menggah urut reruncening adicara ing wekdal menika:

1.  Adicara ingkang sepindah inggih menika PAMBUKA,
2. Sambutan
3. Inti
4. Laporan
5. Do’a lan panutup

Para panjenegan sedaya ingkang winantu suka basuki mengeti wedal sakwetawis ndalu, monggo adicoro ing ndalu puniko kula lan panjenengan bikak sesarengan kanti waosan BASMALLAH sesarengan kulo dherekaken ....

Adicara ingkang kaping kalih inggih menika sambutan.
      Sambutan ingkang kaping setunggal sambutan sangking kagungan dalem
      Dhumateng mbak....  Kula sumanggaken. Matur nuwun
      Sambutan ingkang kaping kalih sambutan sangking Ketua RT 13
      Dhumateng ibu..... Kula sumanggaaken. Matur nuwun 
      Sambutan ingkang kaping tiga sambutan sangking wakil Ketua Karang Taruna
      Dhumateng mbk... Kula sumanggaaken. Matur nuwun

Adicara salajengipun inggih menika acara INTI dhumateng mas Bayu kasuwun mimpin acara inti ing wekdal ndalu menika. Sumangga.
Matur nuwun dumateng panjenenganipun Mas Bayu ingkang sampun mimpin acara ndalu menika. 

Adicoro ingkang kaping sekawan Laporan saking bendahara saha sekertaris Karang Taruna, dhumateng panjenenganipun mas Rio lan mbak Ayu sumangga. Matur nuwun dhumateng mas Rio lan mbak Ayu ingkang sampun maosaken laporan ung wekdal ndalu menika. 

Adicara ingkang pungkasan  inggih menika panutup.

Kula minangka pranata adicara menika kathah kekiranganipun saha lepat lan tindak tanduk ingkang boten mranani penggalih panjenengan sedaya  kula nyuwun  agunging samudra pangaksami. Matur nuwun. Mangga adicara kita tutup kanthi waosan HAMDALAH  kanthi sesarengan, sumangga. ALHAMDULILLAH Cekap semanten atur kula.

Wassalamualaikum Wr.Wb





Semoga bermanfaat :)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar